DASANAMA
YAIKU TÊMBUNG-TÊMBUNG KAWI KANG PADHA TÊGÊSE
(Kanggo sangu maca têmbang)
- 1. Akèh =
- akwèh, kèh, kwèh, ripah, gung, agung, waha.
- 2. Aku =
- amba, ngong, ingong, ingwang, ulun, patikbra, katengong, ingsun, kawula, manira, robaya.
- 3. Ala =
- dur, durta, juti, durstha, dusta, kunjana, durniti, durlaksana.
- 4. Alas =
- wana, bana, tarataban, girang, lirang, utan, baga, wulusan, wêlahan, wanawasa, wanadri, jênggala, kênana.
- 5. Alêm =
- astawa, alêmbana.
- 6. Alis =
- drasthi, rasthi, siratmaja, hêning, dahya.
- 7. Alus =
- mrêdu, wrêdu, mardawa, wèdi, widigda, sudha, tanu.
- 8. Ambêkan =
- napas, huswa, swasa, huswasa.
- 9. Anak =
- suta, putra, sunu, yoga, siwi, wêka, tanaya, atmaja, siwaya, ja, patut, banu.
- 10. Angin =
- riwut, bajra, sindhung, anila, bayu, aliwawar, tata, barat, samirana, wirayang.[1]
- 11. Aran =
- ngaran, kêkasih, panêlah, juluk, parab, panêngran, wêwangi.
- 12. Arêp =
- arsa, apti, ayun, arsi, yun, hyun.
- 13. Asu =
- sona, srênggala, basu, anjing, swa, kuwaka, cêmêra, kicika, purisika, calura.
- 14. Asor =
- adama, dama, sudra, ina, kumadama, pidak-pêdarakan.
- 15. Asri =
- raras, rarasrum, sri, lêngêng, lawen, amêr, rêsmi.
- 16. Ati =
- budi, ambêk, manah, galih, driya, praya, budaya, nala, prana, drana, tyas, wardaya, angên-angên, cita, sangka.
- 17. Awang-awang =
- akasa, ambara, antarala, antariksa, awiyat, dirgantara, boma, gagana, tawang, widik-widik, namu-namu, jumantara, udara, ardya.
- 18. Awak =
- wak, lingga, dhiri, raga, angga, deha, badan, tubuh, sulaksana.
- 19. Bagèkake =
- nambrama, ngacarani, sambrama.
- 20. Bagus =
- sigit, pêkik, jênthara.
- 21. Bala =
- wadya, tantra,
- brêtya, balakuswa, wadyabala, wrahatbala, wadu.
- 22. Balung =
- tosan, tulang, walung, asthika, dalêngka, sadhi.
- 23. Bantal =
- karangulu, lêmpir, kajangsirah, suraga.
- 24. Banthèng =
- andaka, nandaka, go, gawindra, gurisa, angun-angun, sarawa, jawidha, gawala.
- 25. Banyu =
- we, tirta, warih, har, sindu, wayi, tuban, hèr, amêrta, arjuna, udaka, sangara, jala, jahni, jahnawi, jahning.
- 26. Bangêt =
- antya, asru, arda, mandra, lwih, dahat, sakamantyan, tan sipi.
- 27. Bangke =
- wangke, pratipa, parasu, watangga, sawa, kunarpa, kuwanda.
- 28. Barat =
- angin, anila, bajra, maruta, pawana, samirana, bayu, sindhung, panca-ura, prabancana, pracandha, prahara, ata, gati, indri, margana, lesus, erawati, pratipa.
- 29. Beda =
- pae, wanèh, bènèh.
- 30. Bêbaya =
- bêncana, wèsthi, wancana, bema.
- 31. Bêdhil =
- sanjata, saragni, brahmastra, mêrcukala, bahnija, warahas.
- 32. Bêcik =
- adi, adya, ayu, sae, tama, ajêng, yogya, darma, arja, pênêt, santa, pelag, suba, tulyasri, yoga.
- 33. Biyèn =
- dhihin, dhingin.
- 34. Biyung =
- babu, biyang, rena, ibu, umi, wibi, indhung, darani, puyêngan, bibi.
- 35. Bilahi =
- tiwas, wèsthi, pringga, durgama, pataka, parjaya, kasmala, pakewuh, pinun, laya, cilaka.
- 36. Blêdhèg =
- bajra, gêlap, guntur, wrahaspati, erawati, mrêtyu, bahnindra, sirwa.
- 37. Bumi =
- mandhala, dharana, maetala, buwana, basundara, basundari, pratyana.
- 38. Bungah =
- harsana, arsaya, tustha, arsa, wijah, gambira, lalita, girang, enggar.
- 39. Buta =
- danawa, danuja, ditya, diyu, wil, rasêksa, rasêksi, kalana, yaksa, kala, asura, dyani.
- 40. Bojo =
- somah, suwami, garwa, grha, kalulut, kucumbi.
- 41. Bodho =
- punggung, pingging, jugul, dama, kumprung.
- 42. Bocah =
- rarya, wala, larya, walaka, rare, lare.
- 43. Dalan =
- marga, sopana, ênu, lêbuh, lurung, yana, hawan.
- 44. Dandan =
- ngadiraga, mandara, busana, tata.
- 45. Dewa =
- absara, dewata, bathara, jawata, amara, rêsi-gana, hyang, widadara, nasa, sura.
- 46. Dèwi =
- apsari, bathari, widadari, dewati, sura-wadu, sura-rêtna, waranggana.
- 47. Dêlêng =
- dulu, miyat, ngèksi, mulat, satmata, anon, nabpada, ton.
- 48. Durjana =
- duratmaka, dhustha, wêri, kunjana, dursila.
- 49. Jam =
- tabuh, pukul, tabèh, gathi, gathita.
- 50. Jaran =
- swa, aswa, turangga, wajik, undhakan, kalangkya.
- 51. Jênêng =
- bisikan, parab, juluk, têngran, sêbut, wêwangi, asma, sambat, têngêran.
- 52. Jurang =
- parung, rèjèng, trêbis, trêjung, sigrong, grong, lêmbah, kalora, gahana, nadindra.
- 53. Jogèd =
- baksa, ngibing, ngigêl, mataya, taya, patrayuda.
- 54. Dampar[2] =
- amparan, padmasana, singgasana, patarana, malige, mèru-padma, palangka.
- 55. Dhewe =
- priyangga, juga, gana, anggana, pribadi.
- 56. Dêlik[3] =
- umpêtan, sênêtan, ampungan, bonglot, umêt.
- 57. Dhuwit =
- arta, ardana, yatra, picis, kopang.
- 58. Dhuwur =
- bentar, luhur, punjung.
- 59. Endah =
- raras, rarasrum, sênên, wicitra, berama, alêp, rêsmi,
- listya.
- 60. Êmas =
- jêne, kancana, kanaka, rukma, rukmi, rikma, lancana, suwarna, iradya.
- 61. Êndhas =
- sirah, mustaka, mastaka, murda, utamangga, kumba, sidhira, ulu, mudangkara.
- 62. ngGone =
- dènnya, denya, dera, dènira, donira.
- 63. Panggonan =
- gwan, unggwan, don, laya, ênu.
- 64. Gada =
- dhandha, bisana, lori, dhandhaka, loita, candha.
- 65. Gajah =
- asti, dirada, èsthi, dwipangga, liman, matêngga, waniti, gajahmuka, angga.
- 66. Galak =
- rota, lodra, krura, pragalba, darna, wiroda.
- 67. Gaman =
- astra, sanjata, sara, bêdhama, braja.
- 68. Gandewa =
- danu, laras, langkap, busur, puksana, nusara.
- 69. Gawe =
- makirtya, ambangun, karya, kardi, karti, yasa.
- 70. Gêdhe =
- agung, gora, dhakah, raya, sigrong, murda.
- 71. Gêndera =
- dwaja, têngêran, panji, lalayu, sinjang, laga, tandha, daludag, umbul-umbul, rontèk.
- 72. Gêni =
- agni, api,, bahni, dahana, brama, pawaka, siking, guna, mrêta, brahma, puyika, latu, puya, jata.
- 73. Gludhug =
- grah, guntur, gumuruh, gêrah, guruh, gurnita, gurnang, gêtuk, gêtêr, patêr, goragra, bituk.
- 74. Gulu =
- tênggak, jangga, lungayan, lungkaya, lèhèr, lungaya.
- 75. Gumun =
- ascaraya, kawismayan, mindu, lamlam.
- 76. Gunêm =
- wacana, ujar, wicara, dêlêng,[4] wiwaksita, ling.
- 77. Gunung =
- adri, aldaka, ancala, ardi, arga, giri, parwata, wukir, enadra, giri, mèru, parbata.
- 78. Guwa =
- guha, rago, gothaka, giyana, awama, ragu, runggu, susupan, song, padhuhan.
- 79. Godhong =
- ron, rondhan,[5]
- patra, taru, dhahon, parna.
- 80. Intên =
- ira, rêtna, sotya, galuh, nila, kumala, manik, kalêngka, wêdhihan.
- 81. Irung =
- grana, parsana, nasika.
- 82. Iwak =
- mina, jita, matswa, oti, wiyangga, mira, maswa.
- 83. Yèn =
- yan, mênawa, bilih, upama, upami, lamun, kalamun.
- 84. Kabèh =
- pwa, sakèh, sanggya, sadarum, sagung, salir, sawegung, sakalir, sakwèh, kapwa, samanta, kapya.
- 85. Kêdhaton =
- karaton,, kadhatun, kênyapuri, puri, pura, prasadarga, pusantara, kadhatyan, kadhatwan.
- 86. Kaya =
- kadya, kadi, lir, anglir, lwir, tulya, pinda,[6] yayah, pendah, asawang, sasat, saksat, saprati.
- 87. Kayangan =
- endralaya, endraloka, endrapada, dewalaya.
- 88. Kalajêngking =
- karkala, kiha, mracika, wrisika, wikatha, pracika.
- 89. Kalah =
- asor, kasor, kandhah, kandhih, katitih.
- 90. Kanca =
- kanthi, rowang, rewang, graya, pasaya.
- 91. Kancil =
- palguna, pêthangkus, gumira, marguna, wariga, sasa.
- 92. Kang =
- sing, nikang, kanang, ponang, rikatang, rikanang.
- 93. Kangên =
- wulangun, kudhandhangan.
- 94. Karêp =
- abipraya, sadya, kapti, arah, angkah, praya, parasdya, kedah, dwistha.
- 95. Kasêngsêm =
- wulangun, lênglêng, mangunêng, mangunkung, monêng.
- 96. Kasmaran =
- karungrungan, brangta, kandhuhan, brangti.
- 97. Katon =
- wuryan, kawangwang, kasatmata, kèksi, kèngis.
- 98. Kacilakan =
- katriwadhan,[7] kawatgata, pataka, sêngkala.
- 99. Kawêlasan =
- wilasa, parimarma, parimirma, runya.
- 100. Kawuk =
- mênyawak, salira, diksa, miyangga.
- 101. Kawruh =
- pangawikan, sastra, weda, widya.
- 102. Kèwuhan =
- èmêng, kawêkèn, kepyan, kepon, keron, kewran, wagugên.
- 103. Kêbo =
- mundhing, wrasaba, misa, andhanu, srawana, andhana, maesa.
- 104. Kêmangga =
- warmata, kyaksa, garagati, gumênggêng, kêmamangga[8]
- 105. Kêmbang =
- sêkar, sari, puspa, puspita, kusuma, kumala, padma.
- 106. Kêndêl =
- sudira, darna, nirbaya, nirbita, wani.
- 107. Kêpengin =
- kudhandhangan, mahyun, sambega.
- 108. Kêpithing =
- drahi, darika, kamitra, kathira, mindara.
- 109. Kêris =
- dhuwung, wangkingan, katga, curiga, suduk, sundhapa.
- 110. Kêsêngsêm =
- wulangun, wuyung, brangta, brangti, tura, suraga.
- 111. Kêsuwur =
- sumbung, sumbaga, kalok, kaonang-onang, kajanapriya, kasub, kawêntar, kombul, kaloka.
- 112. Kêthèk =
- wre, rewanda, kapi, kuthila, wanara, palwaga, kapila, kuthilapas, juris.
- 113. Kidang =
- arina, sanggira, walgasa, ujung, mrêga, saraba, cêmuru, wariga.
- 114. Kidul =
- dyaha, duksina, daksina, raksira. Kidulwetan = tunggara, byabya. Kidulkulon = kaneya.
- 115. Kilat =
- thathit, laban, lidhah, widyuta, lidha, obar-abir.
- 116. Kinjêng =
- Kipada, trungka, gambyang, trawinggana.
- 117. Klabang =
- kanaba, manggakala, sirsa, sirusapa, sangkatha.
- 118. Kuburan =
- astana, pasetran, pasarean, makam, patyastana.
- 119. Kuku =
- kênaka, tulangsa, umêt, pakri.
- 120. Kulit =
- walulang, kumara, wacucal, carma, kusika.
- 121. Kuning =
- pita, jênar, gadhing.
- 122. Kuping =
- talingan, padlingan, pangrênga, karana, karni, kenoh.
- 123. Kucing =
- pusa, kumwangga, kuwikri, posiyang, lindhika.
- 124. Kuwatir =
- sumêlang, sandeya, waswita, wancakdriya, mamang, walangati, ganggam, walangkayun, walangkapti, kapita.
- 125. Kobong =
- gêsêng, basmi, kawêlagar, tunu.
- 126. Kodhok =
- wiyangga, canthoka, pas, wiyung, wrêstika, weyangga.
- 127. Kombang =
- brêmara, sadpada, madukara, madubrata, pohali.
- 128. Konangan =
- kawadaka, kacêngikan, kabikana.
- 129. Kongkonan =
- utusan, duta, caraka, sagnyana, cundhaka, gandhèk, wimbasara.
- 130. Kowe =
- andika, rika, ta, kita, pakênira, sira, pukulun, paduka, pêna, dika, pantèn.
- 131. Kreta =
- rata, padhati, ratangga, yana, wimana, gotana.
- 132. Layang =
- nawala, sêrat, pustaka, kintèki, walgita, wilapa, palupi, patra.
- 133. Laku =
- lakwa, laksa, laksana, laksita, caraka, laris, lintang.
- 134. Lambe =
- lathi, bibir, talawya, dukara, kalpija, wiwitra, wiruca.
- 135. Lan =
- dan, lèn, lawan, kalawan, miwah, tanapi, apituwin.
- 136. Lanang =
- jalêr, jalu, priya, purusa, kakung.
- 137. Langgêng =
- baka, lana, anitya, satiti, sanityasa.
- 138. Langit =
- boma, bomantara, akasa, antariksa, wiyat, wiyati, cakrawala, gagana, widik-widik, byoma, antarariya.
- 139. Lara =
- roga, agring,
- rapuh, angluh, grah, wikara, marana.
- 140. Lawang =
- wiwara, dwara.
- 141. Lèng =
- nanda, wilasita, rong, rago, song, trustha, trusthi, wiwara, guwa, gatra, babahan.
- 142. Lêgi =
- hartati, madura, sarkara, manis.
- 143. Lêmah =
- (idêm bumi) siti, kisma, kismaka, pratiwi, bantala, bumija, pratala, maitala, buh.
- 144. Lêmês =
- mrêdu, mardawa, wrêdu, lêntur, luwês.
- 145. Lêmut =
- nyamuk, murinda, muring, jingklong.
- 146. Liya =
- lèn, liyan, beda, manèh, pae.
- 147. Lindhu =
- prakêmpa, lindhung, kampita.
- 148. Linuwih =
- linuhung, danuja, dibya, maha, kalana, nindhita, nindya, prameya, narawantah.
- 149. Lintah =
- wrêdu, uta, wrêduangga
- 150. Lintang =
- wintang, kartika, sudama, tranggana, sasa, taranggana, bintang, sukra, buda, (mêrkurius), baoma (mars).
- 151. Lingsang =
- canana, dokara, waringsang.
- 152. Lumaku =
- lumaksana, lumastari, lumampah, lumaris, tumindak.
- 153. Lunga =
- alès, lès, anis, linggar, wisata, mentar, mandra, layat.
- 154. Lungguh =
- lênggah, linggih, sila, satata, pinarak.
- 155. Lutung =
- cênguk, budhêng, krêsnangga, wiruka, anjani, silanjani.
- 156. Luwak =
- lêwis, harwaka, lardha.
- 157. Luwih =
- langkung, kalangkung, wi, ti, di, su, kamantyan, dibya, maha, nin, prama, nindya, kamayangan.
- 158. Lor =
- utara, untara, nurwitri (lor wetan),[9] narasunya (lor wetan).
- 159. Mabur =
- nglayang, ngambara, muluk, maudara, lawat.
- 160. Marcapada =
- madyapada,
- marapada, narapada, janmapada, janapada, janaloka.
- 161. Maling =
- cora, curi, durjana, dursila, endrajala.
- 162. Manèh =
- malih, manih, maning, muwah.
- 163. Manuk =
- kaga, paksi, kukila.
- 164. Mangan =
- bukti, nadhah, boja, bojana, baksa, dhahar.
- 165. Mangkene =
- nihan, kadyeka, nono, ya ta, samangkana.
- 166. Mangsa =
- a. arane :1. Buda, 2. Buja, 3. Wedha, 4. Caturyuga, 5. Gati, 6. Wanaya, 7. Biksuka, 8. Basu, 9. Nanda, 10. Boma. b. pranatamangsa: 1. Kasa (Kartika) 41 dina, 2. Karo (Pusa) 23 dina, 3. Katêlu (Manggasri) 24 dina, 4. Kapat (Sitra) 25 dina, 5. Kalima (Manggakala) 27 dina, 6. Kanêm (Naya) 43 dina, 7. Kapitu (Palguna) 43 dina, 8. Kawolu (Wisaka) 26 dina, 9. Kasanga (Jita) 25 dina, 10. Kasêpuluh (Srawana) 24 dina, 11. Dêstha (Padrawana) 23 dina, 12. Sadha (Asuji) 41 dina.
- 167. Mata =
- aksa, aksi, èksi, tingal, soca, caksu.
- 168. Mati =
- lalis, ngajal, lampus, lena, palastra, antaka, ngêmasi, antu, seda, surud, pralaya, padhêm, murud.
- 169. Macan =
- mong, arimo, sima, singa, sardula, pragalba.
- 170. Mega =
- ima, jaladara, irawan, imalaya, kokap, dumaya, imantaka, urur.
- 171. Mèlu =
- nut, anut, tumuntur, dumulur, umiring, tutwuri, tutwuntat.
- 172. Mêmpêng =
- asrêng,
- kapiadhêm, kapatibrata, kêsêksan, tumêmbirang, adrêng.
- 173. Mênang =
- jaya, digdaya, digjaya, wijayanti, wijaya, unggul.
- 174. Mênjangan =
- sangsam, krandhi, canggah, randhi, rusah, wrangga.
- 175. Mêndhung =
- rêmêng, rumung, dhanu, jaladara, rarabi, ambuda, limud, gana, jaladha.
- 176. Mênêng =
- minggu, rêgu, mona, kapinêng.
- 177. Mêrak =
- badhak, cohung, manyura.
- 178. Mêtêng =
- nggarbini, ngandut,[10] ngandhêg, maudara.
- 179. Mili =
- umis, drawaya, marawaya.
- 180. Miranti =
- samêkta, sangkêp, siyaga.
- 181. Misuwur =
- kaloka, kondhang, kalok, kontab, kajuwara, kawarta, kuncara, kawêntar, kasub, kasumbaga, kasusra, kasruh.
- 182. Muja =
- manêkung, sêmèdi, nêgês, manuswara.
- 183. Mulane =
- dadi, marma, sumarma, sangsipta, marmi, matang.
- 184. Mung =
- anging, juga, kêwala, muhung, lêhêng.
- 185. Munggah =
- sumêngka, nungsung.
- 186. Mungsuh =
- satru, ripu, lawan, parangmuka, wèri, durniti.
- 187. Murangkrama =
- calawanthah, murangkrama, narukrama, murangtata.
- 188. Muring-muring =
- kurda, krodha, condha, kotbuta, duka, bramantya.
- 189. Murub =
- malad, maladi, makara, lumêng, arkara, jwalita.
- 190. Mokal =
- dupara, durantara, asambawa.
- 191. Momong =
- among, wong-wong, wangwang.
- 192. Nagara =
- praja, kutha, radya, pura.
- 193. Nalika =
- rikala, sahat, sêdhêng, duk, kala, dupi, tatkala.
- 194. Nanging =
- anging,
- anapi, mapan.
- 195. Napas =
- huswa, huswasa, niswasa.
- 196. Nêmpuh =
- ngambul, angrok, byat, sumèbêt.
- 197. Nêngsêmake =
- birama, lêngêng, manoara, manuhara, ragakarana.
- 198. Niliki =
- maninjo, manambangi, ngendhangi.
- 199. Nistha =
- adama, asor, papa, sampati, kuthip, cuta.
- 200. Nuli =
- nuntên, tandya, nulya, dan, adan, saksana, wawang, rêke, samantara, manêhêr, wangwang.
- 201. Nulis =
- nurat, nyitra, mareka, nitra.
- 202. Nom =
- nèm, anom, mudha, taruna, taruni, anyas.
- 203. Nyambutgawe =
- nambutkarya, nambut kardi, ngupa boga, ngupajiwa.
- 204. Nyandhak =
- ngrênggêp, rumênggêp, nyambut, ngasta.
- 205. Nyapa =
- nambrama, nyênggara, sumapa.
- 206. Nyata =
- yêkti, byakta, wyakti, niyata, wèdi.
- 207. Nyawa =
- atma, jiwa, satmaka, suksma, atmaka, yitma, yatmaka.
- 208. Nyêmbah =
- wotsari, wotsinom, wotsêkar, nêmbah, mangênjali, mangarcana, mandrawa, ngaraspada, mangêstupada.
- 209. Nyunggi =
- ngêmbun, nuhun, mundhi.
- 210. Ngadêg =
- mandhiri, madêg, mandaka, mradêksa.
- 211. Ngalêm =
- ngalêmbana, ngumastawa, manadukara, mudya, galang, muji, ngêla-êla, ngastuti.
- 212. Ngamuk =
- gardaka, ngiwung, liwung, mamuk, mawuk.
- 213. Nganggit =
- angikêt, angapus, anggupita, angrumpaka, nawunggita, angripta, anggubah, anukarta.
- 214. Ngarêp-arêp =
- ngarsa-arsa, ngarsi-arsi, marêp-arêp
- 215. Ngenaki =
- sambrana, maenaka, mahandani.
- 216. Ngênani =
- mranani,
- angêne, manduki, cumundhuk.
- 217. Ngêsah =
- angluh, manglah, angsasa.
- 218. Nginang =
- mucang, menang, mawoh, nambuka.
- 219. Ngincêng =
- ngincêr, nginte, niyangake.
- 220. Nglipur =
- ngimur, ngalimur, ngrarapu, mriyêmbada.
- 221. Ngumbara =
- ngalaya, kalana.
- 222. Ngunandika =
- anggarjita, ngudasmara.
- 223. Ngrêngga =
- miwêh, nguparêngga, macarana, manupaka, marunggya, ngoswa, sumungga, nawung, mimaha, mandara, karawistha, mangiwêh, manukarta.
- 224. Ngrintih =
- ngrêngik, ringing-ringih, ngrêngih.
- 225. Ngrujuki =
- mangayubagya, manadukara, manaduganda, manobawa.
- 226. Udan =
- wrêsthi, jawah, jawuh, jawèh, riris, warsa, wrêsti, truh, ratacap, taracah, sra, rarabi, rêrêb, krêmun, darsa, surur.
- 227. Ula =
- sarpa, taksaka, naga, urar, ananta, wasu, basu, bujangga, ardawalika.
- 228. Ulat =
- nitya, naya, liring, wulat, nayana, jaswa, natya, netya.
- 229. Ulêr =
- wrêki, hurta, kramira.
- 230. Umbul-umbul =
- tunggul, dwaja, daludag, juluk-juluk.
- 231. Ukum =
- gêdhak-gêdhik, sêngkung, sêngung, garwita.
- 232. Untu =
- waja, danta, denta, udaka.
- 233. Urang =
- makara, mangkara, pakeng.
- 234. Urip =
- gêsang, hidhup, atma, juwita, tuwuh, jiwana, kayun, satmaka.
- 235. Utawa =
- atawa, atanapi, nguniwèh.
- 236. Utusan =
- duta, cacala, caraka, cundhaka, gandhèk.
- 237. Uwang =
- wêhang, wêgang, paksa.
- 238. Olèh =
- antuk, molih, pakantuk.
- 239. Omah =
- griya, wisma, dalêm, suyasa, graha, bale, panti.
- 240. Oncat =
- anglès, lès, linggar, wiwarjita.
- 241. Ora =
- tan, tar, datan, datar, taman.
- 242. Pajangan =
- patani, pajungutan, tilamrum, jinêmrik, mandakiya.
- 243. Padha =
- samya, kapya, kapwa.
- 244. Padhang =
- prawana, dipa, bawera, lasa.
- 245. Pakewuh =
- bancana, bêndana, pringga, walangsangkêr.
- 246. Pakurmatan =
- pangastawa, astuti, kastawa, panakrama.
- 247. Pakumpulan =
- pahêman, pahoman.
- 248. Palungguhan =
- patarana, sasana.
- 249. Pamulangan =
- pawiyatan, pracabakan,[11] kartawaran.
- 250. Pamujan =
- sanggar, palanggatan, pamêlêngan, pidikan, wijana.
- 251. Panah =
- astra, sara, braja, jêmparing, margana, bana, naraca, sayaka, warastra.
- 252. Pandhita =
- biksu, bramana, rêsi, wiku, dwija, wipra, yogi, yogiswara, maharsi, dwijawara, mahayêkti, mahamuni, mahaning, sunyata, suyati, sewasogata, ajar.
- 253. Panêngah =
- pamade, wirun.
- 254. Panuntun =
- nayaka, pramugari.
- 255. Pantês =
- yogya, rêspati, yukti, mungguh.
- 256. Pangaji-aji =
- pudyastuti, pujabrata, pujakrama.
- 257. Pangan =
- bukti, boja, baksa, boga.
- 258. Pêngarêp =
- kretawadana, nayaka, pramuka, pramugari.
- 259. Panggawe =
- pakêrti, kirta, kirti, kirtya.
- 260. Pagawean =
- pakaryan, pakarti, gawe, ayahan.
- 261. Panggonan =
- asana, êndon, sasana, sana,
- loka, laya.
- 262. Paprangan =
- adilaga, pabaratan, payudan, palagan, pamedan, rananggana, rana.
- 263. Para nyai =
- pawongan, cèthi, paricara, manih, kaka-kaka, kaki-kaki.
- 264. Paseban =
- pasewakan, panangkilan, pasowanan, pancaniti, balerong.
- 265. Patamanan =
- adyana, wêdari, mantrasari, sarilaya, mandrakusuma, pijana, taman sari.
- 266. Patapan =
- dhepok, asrama, pamidikan.
- 267. Pati =
- antaka, pralaya, lena, surud, ngêmasi.
- 268. Patih =
- nindyamantri, rêkyanapatya, mantrimuka, mantriwisesa.
- 269. Paturon =
- boma, pagulingan, paprêman, tilam, pajungutan, gupit, jinêm rum.
- 270. Pawèh =
- paparing, wilasa, ganjaran, nugraha, parman, pitêdhan.
- 271. Pêdang[12] =
- sabêt, candrasa.
- 272. Pêdhêd =
- lawana, lona, kathuka.
- 273. Pêdhut =
- lamuk, ampak, limun.
- 274. Pênyu =
- masiran, kêtêm, kurma.
- 275. Pêrang =
- yuda, laga, jurit, pupuh, rok, bandayuda, bandawala, pragola.
- 276. Pêsthi =
- yêkti, niscaya, istura, tamtu, wastu, byakta.
- 277. Pilingan =
- pilisan, pamidhi, pilis.
- 278. Pintêr =
- nimpuna, widigda, widura, guna, wasis, budiman, putus, wicaksana, wignya, lêbda, kartiyasa, sêntika, limpad.
- 279. Pinggir =
- têpi, imbang, swamipa.
- 280. Piranti =
- pandaya, wiyasa, wisaya.
- 281. Pitutur =
- darma, warsita, wursita, wasita, warah, wuruk.
- 282. Pujangga =
- kawirêja, kawitana, kawindra, yampu.
- 283. Pulo =
- nuswa, nusa, dipa.
- 284. Piwulang =
- warah, wuruk, wiyata.
- 285. Punggawa =
- nayaka, wadana, pratiwa, prameya, manggala, brêtyapati, mantri.
- 286. Putih =
- seta, pingul, dawala, kapila, pinge.
- 287. Putu =
- wayah, putraka, wancala.
- 288. Putri =
- dèwi, duhita, wahini, rini.
- 289. Pucak =
- agra, gera, cundha, tunga.
- 290. Polatan =
- naya, nayana, netya, wanglu.
- 291. Pondhokan =
- sanggraha, kuwu, pakuwon, pasanggrahan, parêrêman, wangunan.
- 292. Pupus =
- pradapa, êlung, laksmi, komala, suhun.
- 293. Prajurit =
- wira, prawira, wara, sura, danuja, narawara, tamtama.
- 294. Prahara =
- bayu bajra, pancawora, pracanda, riwut, sindhung, aliwawar, pratipa.
- 295. Pramèswari =
- dayinta, dayita, sori, mahisi, narpawadu, natadèwi, bini aji.
- 296. Rajabrana =
- brana, rajatadi, dunya, rajapèni.
- 297. Rai =
- muka, waktra, wadana, surya, pasuryan, swa.
- 298. Rambut =
- rema, roma, wèni, sinom, kesawa, jatha, kesa.
- 299. Rame =
- atri, ramya, umyung. gumuruh, asrang, gurnita, gumêr, gumrêk, rumung, sumrêk.
- 300. Rampung =
- paripurna, palakarta, palestha, pulasta, labdakarya.
- 301. Rase =
- rasya, julungwangi, widata.
- 302. Ratu =
- esa, aji, dipa, raja, nata, narendra, nararya, naranata, nara iswara, sri, maharaja, pamase, buminata, mah raja, dhatu, prabu.
- 303. Rêmbug =
- wuwus, ujar, ucap, ling, wacana, wicara, wursita, ngling, gusthi.
- 304. Rêmbulan =
- candra, badra, sasi, basanta, kirana, wulan, lèk, sitarêsmi, sasadara, sitèngsu, soma.
- 305. Rêrênggan =
- busana,
- uparêngga, carana, pahyasan, unadi, karawistha.
- 306. Rêca =
- pratima, arca, bimba.
- 307. Rungu =
- piyarsa, rêngên,, piyarsi.
- 308. Rusak =
- ruksa, suh, brastha, rêmpak, prawasa, rabasa, nir, gêmpang. punah, rurah, rug.
- 309. Rosa =
- sarosa, daya, prakosa, gagah, baka.
- 310. Sabab =
- karana, niwanda, nimita.
- 311. Sadulur =
- kadang, sudara, sagarba, saringan, yadu, warga, wandawa.
- 312. Sadhiya =
- rumanti, miranti, siyaga.
- 313. Sagara =
- samodra, tasik, jaladri, jalanidi, lahut, gambiralaya, udadi.
- 314. Saya =
- sangkin, ngranuhi.
- 315. Sayêmbara =
- pasanggiri.
- 316. Sakti =
- yoni, nuraga, wijaya.
- 317. Samar =
- maya, tambung, tidha-tidha.
- 318. Sanak =
- kadang, kadang-kadeyan, bandhu, bandhawa, palibaya.
- 319. Sanaksadulur =
- wandu-wandawa, wanduwarga, wangsa.
- 320. Sapi =
- lêmbana, andini, andana.
- 321. Sarèh =
- santa, rêrêm, komala.
- 322. Satriya =
- danudara, andanawarsih.[13]
- 323. Senapati =
- senapatya, brêtyapati, narawara, panglima, hulubalang, pramugari.
- 324. Satus =
- sata, satak, swata.
- 325. Sèwu =
- saharsa, saiwu.
- 326. Sêdhih =
- wyung, wulangun, anglês, duhkita, dukacipta, giyuh, katrêsnan, kung, manastapa, manonbawa, mangunêng, mèpu, margiyuh, rancaka, rimang, turida, èmêng.
- 327. Sêmèdi =
- manungku puja, mangeka pada.
- 328. Sumaput =
- kantaka, kantu, kapidara, marput.
- 329. Sêmbah =
- astawa, astuti, arcana, bêkti, mangênjali, èstu, ngèstupada, wotsari,
- wotsinom, mangastawa, widya, nadpada.
- 330. Sêmbrana =
- lirwa, pêpeka, pramada.
- 331. Sêmu =
- asmu, èsmu, masmu.
- 332. Sêmut =
- brêkithi, tutsama, kariti, sarawa.
- 333. Sêndhang =
- bak, lwah, botrawi, warigi, jahning, nastapa.
- 334. Sênêng =
- tusta, lamlam, tusthi, kasarjon, karongron, lêlangên.
- 335. Sêngsêm =
- asmara, sêm, turida, carya, sarya.
- 336. Sêrik =
- runtik, êru, rêngu, ru.
- 337. Sêpi =
- sunja, sunya, samun.
- 338. Sathithik =
- sapala, samatra, alpa.
- 339. Sigêg =
- ata, atita, data tita, data pitana.
- 340. Sih =
- asmara, manobawa, parimarma, palimirma, wilapa.
- 341. Sih-sinihan =
- karonsih, salulut, prêjiwatan.
- 342. Siyung =
- jatha, jêthis, saradala.
- 343. Sikil =
- suku, pada, sampeyan, paduka, samparan.
- 344. Siksa =
- sapudhêndha, wêsiasat, wigraha.
- 345. Sitinggil =
- sitiluhur, sitibentar, manguntur, balerungga.
- 346. Slamêt =
- ayu, basuki, yuwana, swasta.
- 347. Sugih =
- kaya, drêbala, sardana.
- 348. Sukêt =
- dhukut, kalang-kalang, trena.
- 349. Suksma =
- yatma, yatmaka, yitma.
- 350. Sulaya =
- dêrganca, salawana.
- 351. Sumur =
- parigi, gustha, andu.
- 352. Sumorot =
- amyang, dumilah, mradipta, rucitra, supraba.
- 353. Supaya =
- darapon, supadya, maran, darapwan.
- 354. Surup (wayah) =
- sandekala, sandyakala, sandyawila, sirêm-sirêm.
- 355. Susah =
- rudita, manastapa, mirong, turida,
- ruwida, duhka, wirangrong, wingit, rudah, wigêna, kung, kingkin, sungkawa, sêkêl, wuyung, galana, bunêk, wiyadi, wiyoga.
- 356. Suci =
- jêrnih, brêsih, makêning.
- 357. Suwiwi =
- paksa, lar, pênjawat, lahuyang.
- 358. Suwung =
- napi, namu-namu, wuk, wun.
- 359. Sorot =
- kênyar, kirana, kram, ujwala, ujwalita, sênên, sunu.
- 360. Srêngèn =
- runtik, bêndu, bramantya, maringut, rêngat, duka.
- 361. Srêngenge =
- arka, aruna, raditya, pratangga, diwangkara, prabangkara, pratanggapati, bagaspati, baskara, bagaskara, arditiya, radite, suwandagni, arimurti, banu.
- 362. Swara =
- sraba, bawa, wakya.
- 363. Suwarga =
- endrabawana, kahyangan, nirwana, kadewatan, suraya, suranadi, ariloka, aribawana, endraloka, surabawana.
- 364. Tali =
- pusara, apus, bêndana, pratisara.
- 365. Tamba =
- usada, mausada, maosadi.
- 366. Tamèng =
- puksur, paris, jêbêng, kantar.
- 367. Tampa =
- sambut, tanggap, tarima.
- 368. Tansah =
- nityasa, titir, anggung, lana, nitya, lot, manggung.
- 369. Tangan =
- asta, lungia, lungiyan, sikara, bujaka.
- 370. Tangi =
- bangun, wungu, manindawa, manandra.
- 371. Taun =
- warsa, warsaya, warsaka.
- 372. Tatakrama =
- kramaniti, parikrama, udanagara, subasita.
- 373. Tatu =
- labêt, kanin, brana.
- 374. Tawon =
- brêmara, sadpada, tuskara.
- 375. Teja =
- wangkawa, kuwung, danu, danumaya.
- 376. Têgal =
- talun, pathalunan,[14] medan, setra.
- 377. Têkèk =
- basu, tatmaka, darnita.
- 378. Têntrêm =
- rêrêm, ênang,
- gayêng, santi.
- 379. Têtêp =
- lana, langgêng, sasada, lane.
- 380. Tikus =
- wêgang, musi, wehyang.
- 381. Tilik =
- tinjo, sambang, lawat.
- 382. Tlapukan =
- pakêjèpan, duraksa, anetah.
- 383. Tuladha =
- darsana, kupiya, lupiya, palupi, sudarsana.
- 384. Tulis =
- nêrat, citra, carik, sastra, ciri, gurit, lukita.
- 385. Tulus =
- sudarga, widada, sudha.
- 386. Tumbak =
- lêmbing, waos, watang, sulaka, galah.
- 387. Tumungkul =
- mabukuh, makidhupuh, marikêlu.
- 388. Tuna =
- rugi, ruge, nirlaba.
- 389. Tunjung =
- trate, sarasidya, samawih, kumuda, pakaja.
- 390. Tunggangan =
- titihan, wahana, tumangan, wimana.
- 391. Turu =
- tilêm, sare, guling, nendra, mrêm, supta.
- 392. Tutwuri =
- tutwuntat, lumiring, lumirig, tumular, lumud, tumuntur.
- 393. Tuwa =
- tuha, wrêdha, sêpuh, jimbun.
- 394. Cangkêm =
- lesan, nana, panglinga, dukara.
- 395. Cangklakan =
- kèlèk, goswa, kadakya.
- 396. Cacad =
- ina, mala, cêla, cintra, ceda.
- 397. Cacing =
- wrêcita, wrêjit, nahuti, lusi.
- 398. Cèlèng =
- waraha, wêgang, durgangsa.
- 399. Cêkêl =
- sambut, asta, jabat, gêgên.
- 400. Clèrèt =
- kilat, lidhah, thathit, gêlap.
- 401. Cumbana =
- among yun, among lulut, among raras, karasikan, pulangsih.
- 402. Wadon =
- èstri, dyah, wanita, juwita, wanudya, kani, waita, garini, wara, rèni, dayita, gini, rêtna.
- 403. Walang =
- wancak, anggas, wancal.
- 404. Wani =
- sura, darna, guragadha.
- 405. Wangi =
- amrik, arum, sumrik, wida.
- 406. Waringin =
- mandira, gurda, prih.
- 407. Warna =
- rupa, aneka.
- 408. Waskitha =
- wicaksana, sinangjana.
- 409. Waspada =
- pranawa, prastawa.
- 410. Watês =
- ingan, tata, parimana.
- 411. Watu =
- sela, gilang, parang, kumalasa, padsa.
- 412. Wêdi =
- jrih, três, takut, wiwrin, giris, girisa, ulap.
- 413. Wêdhus =
- kambing, dumba, padrawana, medaka, menda.
- 414. Wêkasan =
- wasana, puwara,têmah,, datatita, iti, anta.
- 415. Wêlas =
- turida, tura, wilasa, kurunya, rudya.
- 416. Wêruh =
- udani, upiksa, upaksi, wikan, wrin.
- 417. Wêtu =
- wijil, wiyos, wahya, wimba, ja, wurya.
- 418. Wêsi =
- ayah, aya, bêsi, warani.
- 419. Wêtêng =
- padharan, udara, garba.
- 420. Widadari =
- apsari, dèwi, dewati, bathari, waranggana, yuwati.
- 421. Wiwit =
- lêkas, gagat, prawita, wurya.
- 422. Wit =
- wrêksa, taru.
- 423. Wuda =
- lagna, lagnyana, lêgêna.
- 424. Wudêl =
- pusêr, nabi.
- 425. Wong =
- wang, jana, janma, jalma.
- 426. Woh =
- pala, uma, wilupa.
- 427. Wuku =
- diurut = Sinta, Landêp, Wukir, Kuranthil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujud, Pahang, Kuruwêlud, Mrakèh, Tambir, Mêdhangkungan,
- Maktal, Wuye, Manail, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, Watugunung.
- 428. Dina =
- A-Dite, S-Soma, S-Anggara, R-Buda, K-Rêspati, J-Sukra, St-Tumpak.
- 429. Pasaran =
- Kl-Kasih, L-Manis, P-Paing (pêthakan), Pn-Pon, (kuningan, kêlabêt), W-Cêmêngan.
- 430. Taun =
- Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.
- 431. Windu =
- Kuntara, Sangara, Sancaya, Adi.
--- 2 ---
--- 3 ---
--- 4 ---
--- 5 ---
--- 6 ---
--- 7 ---
--- 8 ---
--- 9 ---
--- 10 ---
--- 11 ---
--- 12 ---
--- 13 ---
--- 14 ---
--- 15 ---
--- 16 ---
--- 17 ---
--- 18 ---
--- 19 ---
--- 20 ---
--- 21 ---
__________
Catatan kaki:
1. | warayang (kembali) |
2. | Dhampar (kembali) |
3. | Dhêlik (kembali) |
4. | dêling (kembali) |
5. | rondhon (kembali) |
6. | pindha (kembali) |
7. | katriwandhan (kembali) |
8. | kêmangga (kembali) |
9. | (lor kulon) (kembali) |
10. | ngandhut (kembali) |
11. | pacrabakan (kembali) |
12. | Pêdhang (kembali) |
13. | andanawarih (kembali) |
14. | patalunan (kembali) |
0 Komentar untuk "Tegese Dasanama lan Tuladhane lengkap"